Esuk iki langite katon isih peteng,
pedhute kandel banget, lan hawane uga adhem
banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda
kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohong menyang pasar. Sanadyan gaweyan iku abot,
nanging Bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih
kelas I SMP. Bu Umi ditinggal bojone wis pitung taun suwene, amarga bojone Bu
Umi duwe bojo liya. Kuwi uga dadi pawadan
Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune. Bu Umi biyasane menyang
pasar jam setengah lima esuk. Ilham
saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar, amarga pohung sing
digawa kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham bali
menyang ngomah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah. Ilham kalebu bocah sing
pinter lan sregep, saengga Ilham bisa
sekolah ning SMP sing mutune paling apik lan dadi sekolah unggulan ing
kabupaten.
Dina iki dagangan Bu Umi lagi sepi,
amarga lagi mangsa rendheng saengga akeh pohung sing kebanjiran lan dadi ora
enak dipangan. Wektu iki Ilham lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam
anyar. Bu Umi mung bisa sabar ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayakake golek
gaweyan liya sing bisa disambi dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti
dagangane amarga wis jam sanga esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana
bocah cilik sing nangis neng ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau.
“Hlo, ngopo nangis, Ndhuk?” pitakone
Bu Umi marang bocah kuwi.
“Aku nggoleki ibuku,” semaure nganggo basa ngoko amarga durung
ngerti basa krama.
“Hla ibumu sapa? Kepriye bisa pisah karo ibumu?” Bu Umi takon
meneh marang bocah kuwi karo ngajak lungguh menyang lincak sing dinggo dodol Bu
Umi.
“Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol permen.”
semaure bocah kuwi karo isih nangis.
“Hla wis sido tuku
permen?” pitakone Bu Umi karo njupuk wedang kanggo bocah kuwi. Bocah iku mung
gedheg lan malah tambah banter nangise.
“Oo… ya wis kowe nunggu ning kene wae karo ngombe wedang iki
dhisik, ibu arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu dhisik ya?”
welinge Bu Umi menyang bocah kuwi.
Sawise
bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen. Sanadyan regane larang,
Rp5.000,00 nanging Bu Umi tetep numbasake permen kanggo bocah kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis
kuwi. Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung. Bu Umi marani
ibu-ibu mau.
“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi putranipun?”
pitakone Bu Umi marang ibu-ibu kuwi.
“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos anak kula?”
ibu-ibu mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.
“Menika wonten bocah putri ugi madosi ibunipun. Menapa leres
putranipun panjenengan?” pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing
dinggo dodol Bu Umi.
“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing nggoleki nganti
bingung banget.” Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung nggendhong anake
kuwi mau sing wis ora nangis.
Bu Umi njlentrehake kadadean mau
marang Bu Nurul.
“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi anak kula,”
Bu Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem, bungah.
“Inggih Bu, sami-sami,” wangsulane Bu Umi kanthi menehake permen
marang bocah kuwi mau.
Sawise Bu Nurul lan anake pamitan arep
bali, Bu Umi nerusake nata dagangane sing arep digawa bali. Nalika tata-tata,
Ilham nyusul menyang pasar amarga kepengin mbyantu ibune nggawa dagangan sing
isih akeh. Dina iki lagi ana rapat kanggo guru ing sekolahe Ilham, saengga
kabeh muride bali luwih cepet. Saka
njero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi karo Ilham sing lagi nglebokake
pohung ning bagor. Ing batine, Bu Nurul gumun karo Bu Umi sing gelem tetulung
marang wong sing durung tau ketemu. Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah,
nanging atine tansah susah amarga durung bisa mbayar buku lan seragam. Bu Umi
ngerti apa kang lagi dirasakake putrane.
“Le, Ibu ngerti kowe lagi susah amarga
bayaranmu kuwi. Nanging, Ibu saiki durung duwe dhuwit sing ganep kanggo mbayar.
Ibu rencanane mengko arep nyilih dhuwit menyang budhemu dhisik. Dadi yen dina
iki ibu entuk silihan dhuwit, sesuk kowe bisa mbayar buku lan seragam,” ngendikane
Bu Umi marang Ilham.
“lnggih Bu, kula nyuwun ngapunten sampun ndadosaken Ibu susah.”
“Iki wis dadi tanggung jawabe Ibu. Dadi kowe ora usah njaluk
ngapura,” Bu Umi nglipur putrane supaya ora sedhih maneh.
“Nggih Bu, kula badhe mangkat sekolah rumiyin,” Ilham pamitan
lan salim marang ibune.
Nalika sayah ngaso, Ilham menyang
perpustakaan ing sekolahe. Ing kono uga ana Bu Nurul. Bu Nurul ing sekolahe
Ilham amarga Bu Nurul iku garwane kepala sekolah ing kono. Bu Nurul ngerti yen
Ilham kuwi putrane Bu Umi amarga wis tau weruh nalika ning pasar. Bu Nurul
nyawang Ilham kayane lagi susah, banjur arep nyedhaki Ilham nanging bel tandha
mlebu kelas wis muni. Bu Nurul ora sida nemoni Ilham. Bu Nurul wis bisa
ngira-ira yen Ilham lagi mikirake bayaran amarga minggu iki telat-telate
mbayar. Bu Nurul banjur menyang kantor tata usaha (TU) lan nakokake bayaran
sekolahe Ilham sing durung lunas. Bu Nurul kepengin mbiyantu mbayar buku lan
seragame Ilham, nanging sadurunge kudu takon dhisik marang Ilham.
Nalika bali
sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU kanggo nemoni Bu Nurul. Amarga durung
ngerti apa pawadane dheweke diceluk menyang TU, atine Ilham dadi dheg-dhegan.
Banjur diterangake yen bayarane arep dilunasi Bu Nurul kanggo wujud matur
nuwune marang ibune Ilham. Ilham seneng banget lan njaluk idin arep matur marang
ibune dhisik. Sawise Ilham matur marang ibune, Bu Umi kaget. Lan kanggo rasa
ngurmati, Bu Umi menyang sekolahe Ilham lan nakokake piwelinge Bu Nurul rikala
wingi. Bu Nurul wektu iku uga ana ing sekolah.
“Bu Umi, kula badhe nyuwun pirsa
menapa kula angsal mbiyantu panjenengan anggenipun mbayar buku lan seragamipun
Ilham? Menika kangge wujud matur nuwun kula dhateng panjenengan ingkang sampun
mbiyantu njagi anak kula nalika wonten peken,” pitakone Bu Nurul kanthi alus
supaya ora nglarani atine Bu Umi.
“Saderengipun
matur nuwun, ananging kula menika ikhlas mbiyantu panjenengan lan boten gadhah
gegayuhan menapa-menapa,” ngendikane Bu Umi.
“Inggih
Bu, ananging menika ugi kangge bebungah Ilham amargi sampun dados juwara
setunggal ing sekolah menika.” Bu Nurul wis ngerti yen Ilham duwe prestasi kang
apik lan dhuwur ing sekolah.
“Alhamdulillah,
menawi kados mekaten, kula ngaturaken matur nuwun sanget awit bebungah menika,
Bu,” wangsulane Bu Umi sinambi mbrebes mili.
“Kula
ingkang kedahipun ngaturaken matur nuwun dhateng panjenengan,” ngendikane Bu
Nurul.
“Inggih
Bu, sami-sami,” Bu Umi lan Bu Nurul banjur salaman.
Bu
Umi ora ngira yen tumindake sing kanggone ora sepira kuwi bisa diwales kanthi
kaya mangkono. Bu Umi tansah percaya yen apa wae kang dilakoni ing donya iki
mesti bakal diwales kaya sing ditindakake, kaya unen-unen: apa sing ditandur,
ya kuwi sing bakal diundhuh.
*penulis bernama Kusmira Dwi Ayuani (Mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas
Sebelas Maret)
0 komentar:
Posting Komentar
Monggo meninggalkan komentar terbaik