Selasa, 24 September 2013

Guyonan Rabu, 25 September 2013

Bunali pethuk Mbah Wonokairun lagi angon wedhus. “Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?” jare Bunali, “Yo lumayan ” jare si Mbah. “Pinten kabehipun, Mbah?” takon Bunali maneh, “Sing putih opo sing ireng?” jawaban si mbah. “Sing putih mbah”?, “Selawe”‘

“Wah, kok akeh mbah. Lha sing ireng?’”, “podho…” jare Wonokairun ambek ngarit suket. Bunali takon maneh, “Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah..?”, “Yo..”. “Pirang kilo mangane sakdino?”, “Sing putih opo sing ireng?” "Sing ireng, wis",. “Yo kiro-kiro limang kiloan”. “Lha sing putih?”, “podho . . .”

Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae. “Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?” “Ngene lho, sing putih iku wehusku…” “Lha sing ireng ?” “Podho....”

0 komentar:

Posting Komentar

Monggo meninggalkan komentar terbaik